Konversi Kehidupan
Dina iki aku mbuktikake maneh: wong obah awake, obah uga pikirane.
Tinimbang turu wae, aku milih mlaku. Dalan menyang pemberhentian kol cukup adoh, nanging aku pancen lagi mbiasakake sikil supaya ora manja. Luwih becik mulai saiki tinimbang kebacut ora isa mlaku mengko. Amit-amit cara wong Jawa.
Mlaku-mlaku lan sakpiturute pancen isa nambah semangat. Sapa ngerti mengko nek ana sing ngajak umrah bareng, aku wis biasa mlaku, hehe.
Nang kol wonge umpeg-umpegan, panas, mambu kringet, sopire nesu mergane trayeke diganti dadi muter-muter. Penumpang pada criwis takon-takon. Aku meneng bae, wedi yen takon malah tambah panas suasanane.
Tekan panggonan, aku mudun banjur mlaku menyang daleme pakde njupuk roti pesenane ibu. Nang kana aku disuguhi wedang putih sing nikmat banget, alhamdulillah. Uga diparingi cemilan pastel basah karo carang gesing. Aku mau arep mampir tuku aqua, nanging tinimbang repot mampir-mampir, aku milih bablas supaya urusane rampung cepet.
Bar kuwi aku pamit arep dianter numpak motor, nanging aku kandha yen arep mampir-mampir maneh, dadi luwih becik mlaku. Padahal pancen aku lagi latihan mlaku.
Sedalan dalan saka omah mau, pikiranku ngambang nang endi-endi. Aku mbanding-mbandingake: mlaku, motoran, nge-Grab, mbecak, utawa ngekol.
Mlaku: yen adoh mesthi kesel, nanging isa latihan.
Motoran: fleksibel, iso mampir-mampir, nanging aku ora duwe motor lan kudu nunggu sing nganggur.
Nge-Grab: kudu pesen, aku males sinau aplikasine, lan hpku gampang hang yen akeh aplikasi.
Mbecak: larang banget.
Ngekol: PP mung sangang ewu, paling murah.
Nek dibandingke:
Mlaku → gratis, nanging kesel
Nge-Grab → paling rong puluh ewu
Mbecak → menyang mulih iso seket ewu
Ngekol → murah banget
Tek pikir-pikir, duit sing “ditabung” saka ora numpak kendaraan luwih apik digunakake kanggo tuku panganan kesenengan.
Tekan ngarep toko sing biasa, aku mampir tuku kacang mete super. Renyah banget, gurih masyaallah. Regane seprapat sewidak ewu. Ide apik: tinimbang digunakake kanggo mbecak utawa Grab, luwih enak digunakake kanggo kacang mete favorit.
Aku nerusake mlaku. Pikiran ora mandeg, nanging ati rasane enteng lan plong. Aku rumangsa ora kesel banget senajan mlaku ing panas. Apa bener omongane wong-wong, obah-awak isa nggo tamba stres? Kayane iya.
Mulai saiki aku duwe rumus anyar:
“Tinimbang … aluk …”
Tinimbang turu aluk mlaku.
Tinimbang kesel aluk latihan.
Tinimbang ngene aluk ngono… sesuai karo kondisi.
Wong urip pancen kudu tansah nimbang. Nanging nimbang sing positif.
Aja kebalik: tinimbang umroh mending plesir, tinimbang sedekah mending tuku mobil, lan liya-liyane. Sing kaya ngono ora entuk.
Utawa :
→ Tinimbang mubeng-mubeng aluk sabar
→ Tinimbang duit digunakake kanggo barang sing ora penting, luwih apik digunakake kanggo panganan sing disenengi utawa kanggo tabungan umroh.
Iki pancen pelajaran urip sing sederhana nanging kuat.
Akeh wong sing uripe tansah mumet merga ora gelem nimbang kanthi bener. Padahal saben pilihan cilik (mlaku apa numpak kol) bisa mbentuk karakter, kesehatan, lan keuangan kita ing jangka panjang.
Semoga Allah tansah paring kekuatan lan petunjuk supaya kita kabeh tansah milih “tinimbang” sing positif saben dinane. Aamiin.
Tinimbang nggedebus......
Komentar
Posting Komentar