Konversi Kehidupan
Dina iki aku mbuktikake maneh: wong obah awake, obah uga pikirane. Tinimbang turu wae, aku milih mlaku. Dalan menyang pemberhentian kol cukup adoh, nanging aku pancen lagi mbiasakake sikil supaya ora manja. Luwih becik mulai saiki tinimbang kebacut ora isa mlaku mengko. Amit-amit cara wong Jawa. Mlaku-mlaku lan sakpiturute pancen isa nambah semangat. Sapa ngerti mengko nek ana sing ngajak umrah bareng, aku wis biasa mlaku, hehe. Nang kol wonge umpeg-umpegan, panas, mambu kringet, sopire nesu mergane trayeke diganti dadi muter-muter. Penumpang pada criwis takon-takon. Aku meneng bae, wedi yen takon malah tambah panas suasanane. Tekan panggonan, aku mudun banjur mlaku menyang daleme pakde njupuk roti pesenane ibu. Nang kana aku disuguhi wedang putih sing nikmat banget, alhamdulillah. Uga diparingi cemilan pastel basah karo carang gesing. Aku mau arep mampir tuku aqua, nanging tinimbang repot mampir-mampir, aku milih bablas supaya urusane rampung cepet. Bar kuwi aku pamit arep diant...