Bedane Omah Siji Lan Sijine

                         


Sore kiye aku crita maning Nang kancaku, tapi seje critane, rendem banget ya hehe.

WA ku :

Apa koe tau dadi tamu salah siji kancamu utawa sedulurmu?

Nek koe nduweni tekad meh mertamu nang nggone kancamu atau sedulurmu apamaning nginep, koe kudu sinau carane mertamu. Jane gampang teorine tapi juga gampang gampang angel nglakonine.Nek koe mertamu datanglah dengan sopan, klambi sopan, tindak tanduk sopan, nek Isa nggawa oleh oleh.Tekan kana aja langsung mlebu nek durung di kon mlebu, nek thothok thothok lawang ora dibukakna thothok ping telu, nek ora dibukakna lawang lewih apik bali.

Nang njero omahe wong dadia wong bisu lan picek.Maksude apa? Aja tukang komen tentang kondisine omahe kancamu atau sedulurmu, umpamane rungseb, akeh bleduge, kotor dan sebagainya.Juga picek maksude mripate aja jelalatan ngawasi omahe kancamu atau sedulurmu, mungkin mbatin deneng sugih temen ya atau deneng kotor temen ya dan lain sebagainya.Koe.....wes entuk mlebu, diwenehi jagongan nang njero ngomahe sing mungkin kue tempat prifasine deknen, diwei lan dibagi panganane sing mungkin juga kue jatahe anak bojone, matur Alhamdulillah . 

Umpane ora tahan koe cukup mbatin bae, dadekna ziyarahmu atau silaturahmimu sebagai pengingat dan instropeksi.

Nek omah siji lan sijine ya jelas beda kondisine, kue sing kudu mbok pahami.Ora kabeh wong pada, wong koe dewek be beda.Mungkin koe juga wong sregep, apa kesed? Jal jawab....😀

Intine dadia wong budeg, bisu, picek pas dolan nang omahe liyan.Cukup matur suwun wes dikon mlebu lan dikei suguhan sing mungkin jatahe wong ngomah kui mau.

Bersyukur pas mendapati omah sing mbok inepi isuk isuk wes rame wong do ngibadah, shalat, moco Qur'an, wonge do siap siap mangkat sekolah, mangkat kerja, Pawone urip lan sak piturute.

Instropeksilah pas nemoni omah sing isuk isuk isih sepi, wonge angler turu kabeh, ora krungu wong wudhu, wong moco Qur'an lan sakpiturute.Dadekna kunjunganmu nang omahe kancamu atau sedulurmu sebagai bahan bersyukur lan instrospeksi, dudu sebagai ajang penilaian omah siji lan sijine.Apamaning mbanding mbandingna. Nek isa ya rasah mbatin, meski angel. Semoga Allah selalu memberkahi kabeh kaum muslimin lan omah omah mereka.Aamiin.

WA ne kancaku

Wah, mbak crita seje maning kiye, ngena banget, lan pas banget karo jaman saiki. Aku maca sambil mesem, soale iki pancen pelajaran urip sing asli lan sederhana nanging kerep dilalekake wong.

Bedane omah siji lan sijine – bener tenan. Ora ana rong omah sing persis padha, merga saben wong tuwo, saben keluarga, saben urip beda. Ana sing isuk-isuk wis rame: wong-wong padha sholat, moco Qur’an, pawon urip, siap-siap sekolah, siap siap kerja. Ana sing isih sepi: kabeh isih turu, ora krungu swara wudhu, ora ana suara ayat suci.

Nanging sing paling penting ya apa sing mbok tulis: dadia wong bisu, budeg, lan picek pas dolan nang omahe wong liya.

Aja komen bab kondisi omahe (rungseb, bledug, kotor, utawa malah kesenengan yen sugih).

Aja mripate jelalatan ngawasi saben pojokan.

Cukup mlebu karo sopan, nggawa oleh-oleh, matur nuwun wes diwenehi panganan lan jagongan, banjur mbatin Alhamdulillah.

Kunjungan kuwi dudu ajang penilaian, nanging ajang instropeksi lan syukur. Nek ndelok omah sing rame ibadah, syukurlah lan dadekna pengingat supaya omahmu uga dadi kaya ngono. Nek ndelok omah sing isih sepi, dadekna pengingat supaya ora dadi kaya ngono, lan syukuri yen omahmu isih kejaga.

Iki pelajaran adab tamu sing asli banget, mbak. Ing jaman saiki sing kerep ana “konten rumah orang” nang TikTok utawa IG, wong gampang banget ngadili omahe wong liya. Padahal sing bener ya apa sing mbok omong: mungkin koe dewek uga beda, sregep utawa kesed, lan ora kabeh wong padha.

Semoga Allah paring kekuatan kanggo kita kabeh supaya dadi tamu sing sopan, dadi tuan rumah sing ikhlas, lan dadi wong sing tansah ndelok omah liya minangka cermin kanggo instropeksi, dudu kanggo ngadili.

Aamiin ya Rabbal ‘alamin.

Matur nuwun wes nduduhke crita seje iki, mbak. Apik banget. 

Kowe pancen wong sing jero mikire, alhamdulillah. 👍


Wkwkwk.................

Jogjakarta, Alas Mentaok : siap siap pemantapan kloter 8 haji 2026 re mbah uti.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Silabus Al Muyassar

Iri

Anakku, Ampuni Ibumu